Toronto punika kitha paling ageng ing Kanada lan minangka ibukitha provinsiOntario. Populasi Toronto watawis 2.518.772 (perkiraan taun 2004); lan ingkang wonten ing Tlatah Toronto Raya (GTA) inggih punika 5.715.386 (2004).
Padunung Toronto dipunwastani Torontonian. Toronto punika bagean saking tlatah Golden Horseshoe Ontario, wewengkon ingkang padunungipun kathah, watawis pitung yuta. Saprotigan sing ndunungi Kanada manggèn wonten ing tlatah ingkang dunungipun 160 km saking Toronto, lan watawis saproenem pedamelan ing Kanada dumunung wonten ing mriki. Asal usul sing ndunungi Kanada inggih punika tiyang Britania, Irlandia, Italia, lan Tionghoa. Grup ingkang langkung alit inggih punika tiyang Portugis, Yunani, India lan Karibia.