Singa
| Singa | |
|---|---|
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Mammalia |
| Ordho: | Carnivora |
| Famili: | Felidae |
| Génus: | Panthera |
| Spésies: | P. leo |
| Jeneng binomial | |
| Panthera leo Linnaeus, 1758 |
|
Singa (Sansekreta: Siṃha) punika sato ingkang kagolong kulawargi Felidae utawi jinis kucing. Ing basa Latin singa dipunwastani Panthera leo. Singa gesangipun wonten kelompok. Biasanipun kasusun saking satunggal singa jaler mawi kathah singa èstri. Kelompok puniki banjur njagi teritoriumipun. Abotipun kirang langkung antawis 180 ngantos 250 kilogram. Umuripun antawis 10 ngantos 15 taun ing alas. Ananging manawi dipunopèni saged ngantos 20 taun.
Habitat singa[besut | besut sumber]
Kala rumiyin, singa gesang ing saubenging tlatah Afrika, Wétan Tengah kaliyan tanah Hindhustan. Ananging sapunika habitatipun namung wonten ing sapérangan alit Afrika kaliyan Indhia.
Singa wonten cariyos[besut | besut sumber]
Singa punika dipunanggep sato ingkang megah piyambak kaliyan ugi asring dipunanggep ingkang ngratoni sato-kéwan sanèsipun. Dados asring dipunwastani "Raja Singa" ing cariyos-cariyos.
Pralambang[besut | besut sumber]
Singa ugi asring dipundamel pralambang wonten ing sakathing nagari, pralambang wonten ing horoskop, lan sapanunggalanipun.
Nami-nami kitha[besut | besut sumber]
Singa ugi kathah dipunanggé nami kitha. Ing andhap punika conthonipun:
- Singapura
- Leeuwarden wonten Negari Walandi.
- Lviv, ugi dipunwastani Lwów, Lemberg utawi Leopolis wonten Ukraina.