Muson

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Muson iku angin mangsan sing sipaté périodhik lan lumrahé kadadéan mliginé ing Samudra Hindia lan sapérangan kidul Asia. Dumadiné angin muson katandhani kanthi gunggungé udan kang akèh. Angin muson mèmper angin laut, nanging luwih gedhé tur luwih kuwat lan luwih ajeg.