Diego Armando Maradona
Diego Maradona in 2006
|
|||
| Katerangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Diego Armando Maradona | ||
| Tanggal lair | 30 Oktober 1960 | ||
| Papan lair | Lanús, Buenos Aires, Argentina | ||
| Dhuwur | 1.65 m (5 ft 5 in) | ||
| Posisi main | Attacking Midfielder Second Striker |
||
| Karir nom | |||
| –1969 | Estrella Roja | ||
| 1970–1974 | Los Cebollitas | ||
| 1975 | Argentinos Juniors | ||
| Karir sénior* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 1976–1981 | Argentinos Juniors | 167 | (115) |
| 1981–1982 | Boca Juniors | 40 | (28) |
| 1982–1984 | Barcelona | 36 | (22) |
| 1984–1991 | Napoli | 188 | (81) |
| 1992–1993 | Sevilla | 26 | (5) |
| 1993–1994 | Newell's Old Boys | 7 | (0) |
| 1995–1997 | Boca Juniors | 30 | (7) |
| Gunggung | 494 | (258) | |
| Tim nasioanl | |||
| 1977–1994 | Argentina | 91 | (34) |
| Tim dikemunah | |||
| 1994 | Mandiyú de Corrientes | ||
| 1995 | Racing Club | ||
| 2008–2010 | Argentina | ||
| 2011– | Al Wasl FC | ||
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. |
|||
Diego Armando Maradona (uniné: [ðjeɣo maɾaðona] (lair 30 Oktober 1960). ya iku mantan pemain bal-balan Argentina lan dianggep dadi pemain bal gedhé dhéwé selawase. Diego Armando Maradona karire ing klub profesional kanggo Argentinos Juniors, Boca Juniors, Barcelona, Napoli, Sevilla lan Newell Old Boys. Ning karir kanggo nagarané, Diego Armando Maradona njebol gawang kaping 34 saka 91 caps.
Diego Armando Maradona main ing papat turnamèn Piala Dunia FIFA, kalebu, turnamen 1986 ing endhi dhèwèké dadi kapten Argentina lan gawa time mlebu ning perempat final ngalahke Jerman Kulon, menangke Golden Ball barang amarga dadi pemain sing paling apik ning turnamen iku.Ning putaran perempat final sing padha, dhèwèké njebol gawang inggris kaping pindho 2-1 sing nganti mlebu sajarah bal-balan. Kaping pisan ya iku njebol gawang karo tanagn sing dijenengi Tangan Tuhan, kaping pindho ya iku 60 m (66 yd) gol saka pemain Inggris, kapilih lan disebut Tujuan Abad Ini. Maradona dianggep dadi salah sawijining tokoh ulah raga sing kontroversial lan patut diberitaake. Maradona diskors saka bal-balan nganti 15 sasi ing taun 1991 sawisé gagal nimg tes obat,kokain, ning Italia, lan di gawa bali menyang Argentina pas Piala Dunia 1994 ning Amérika Sarékat. Sawisé pensiun saka bal-balan ing ambal dina ambal warsane kaping 37 ing taun 1997, dhèwèké lara, lan efek saka kokain. Ing taun 2005, Maradona nglakoni operasi stapel weteng weteng kanggo ngontrol bobot awak, lan ngurangi kecanduan kokain.Maradona duwé pengalaman dadi pelatih sawisé ngemban tim nasional argentina ing taun 2008, lan dipungkasi 18 sasi, amarga kontrakke entek sakbubare Piala Dunia 2010.
Isi
Karir[besut | besut sumber]
Maradona lair ning Lanus, ananging digedhekke ing Villa Fiorito, kutha gubug ning pinggiran kidul Buenos Aires, dhèwèké kalebu wong ora nduwé utawa miskin sing pindah saka Provinsi Corrientes. Maradona anak nomer siji. Maradona duwé adhik, Hugo (el Turco) lan Eduardo (Lalo), sing uga pemain bal profesional. Ing umur 10 taun, Maradona ditemokke penggolek bakat pas main ning klube Estrella Roja. Maradona dadi pemain inti ning Los Cebollitas (Para Bawang Kecil), tim junior Juniors Argentinos Buenos Aires.
Karir Klub[besut | besut sumber]
Argentinos Juniors and Boca Juniors Ing tanggal 20 Oktober 1976, Maradona nglakoni debut profesionale karo Argentinos Juniors, sepuluh dina sadurungé ambal warsane. Maradona main ning kana wiwit taun 1976 nganti taun 1981, sadurungé ditransfer £ 1m menyang Boca Juniors. Nggabung karo skuad ing tengah musim 1981, Maradona main ing taun 1981, lan njamin dadi juara medali liga pertamane. Nglakoni ning Argentinos Junior, klub Inggris Sheffield United nglebokke duwit transfer £ 180.000 kanggo Maradona, ananging ora ditampa klub.
FC Barcelona Sawisé Piala Dunia taun 1982, ing sasi Juni, Maradona ditransfer menyang Barcelona ning Spanyol. Ing taun 1983, ning ngisor pelatih Cesar Luis Menotti, Barcelona lan Maradona njuarai Copa del Rey (kompetisi piala nasional Spanyol), ngalahke Real Madrid, lan juara Piala Super Spanyol, ngalahke Athletic de Bilbao. Ananging, Maradona duwé mangsa angèl amarga lara hepatitis, lan lara sikil amarga balunge tugel sing ngancem karir bale. Ananging amarga fisike sing kuat lan kekarepe sing gedhé dhèwèké bisa rikat mari saka mangsane iku. Ning, FC Barcelona, Maradona kerep padudon karo direktur mliginé, saéngga Présidhèn Klub Josep Lluís Núñez, sing njaluk ditransfer metu saka Nou Camp ing taun 1984. Maradona ditransfer menyang seri A menyang Napoli ning Italia lan mecahke rekor transfer ya iku £ 6.9m.
Napoli Ning Napoli, Maradona nggayut pucuk sukse profesionale. Dhèwèké rikat dadi bintang sing dipuja karo fans klub, lan wektu ning kana diangkat dadi tim sing katon era paling sukses lan manggonke ning sajarah. Dipimpin karo Maradona, Napoli menangke Seri A Kejuaraan Italia di 1986/87 lan 1989/1990, manggon ning posisi loro kaping pindho, ing taun 1987/88 lan 1988/89. Penghargaan liyané saksuwene Maradona ning Napoli kalebu Coppa Italia ing taun 1987,(panggon ning posisi loro ing taun 1989), Piala UEFA ing taun 1989 lan upercup Italia ing taun 1990. Lan Maradona dadi pemain bal paling akèh mbobol gawang ning seri A taun 1987/88.
Sevilla, Newell Old Boys dan Boca Juniors Sawisé nglakoni ora intok maen 15 sasi amarga ora lolos tes obat kanggo kokain, Maradona lunga saka Napoli karo aib ing taun 1992. Eneng tawaran saka Real Madrid lan Olympique Marseille saka Prancis, dhèwèké luwih milih Sevilla Spanyol, dhèwèké namung netep setaun.Ing taun 1993 dhèwèké main kanggo Newell Old Boys lan ing taun 1995 dhèwèké balik menyang Boca Juniors namung rong taun.
Panghargaan[besut | besut sumber]
Klub[besut | besut sumber]
- Primera División: 1981
- Copa del Rey: 1983
- Copa de la Liga: 1983
- Supercopa de España: 1983
Nagara[besut | besut sumber]
-
- FIFA World Youth Championship: 1979
- FIFA World Cup:
- Artemio Franchi Trophy: 1993
- 75th anniversary FIFA Cup: 1979
Pribadi[besut | besut sumber]
- Golden Ball for Best Player of the FIFA U-20 World Cup: 1979
- Argentine league Top Scorer: 1979, 1980, 1981
- Argentine Football Writers' Footballer of the Year: 1979, 1980, 1981, 1986
- South American Footballer of the Year (El Mundo, Caracas):1979, 1986, 1989, 1990, 1992
- Italian Guerin d'Oro: 1985
- Argentine Sports Writers' Sportsman of the Year: 1986
- Golden Ball for Best Player of the FIFA World Cup: 1986
- Best Footballer in the World Onze d'Or: 1986, 1987
- World Player of the Year (World Soccer Magazine): 1986
- Capocannoniere (Serie A top scorer): 1987–88
- Golden Ball for services to football (France Football): 1996
- Argentine Sports Writers' Sportsman of the Century: 1999
- "FIFA Goal of the Century" (1986 (2–1) v. England; second goal): 2002
- Argentine Senate "Domingo Faustino Sarmiento" recognition for lifetime achievement:
- FIFA Player of the Century
Pranala njaba[besut | besut sumber]
- (ing basa Spanyol) Situs resmi
Cathetan suku[besut | besut sumber]
|
||||||||
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Panjenengan bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |